Jumat, 30 September 2016

Legenda Dumadining Tlatah Salatiga

Salatiga
Nalika semanten Kabupaten Semarang dipunastha dening Ki Ageng Pandhanaran, ingkang sampun dangu banget jabat dados bupati ing tlatah semarang. Awit anggenipun ngasta pemerintahan semarang naming ngutamakaken bab bandha lan kasugihan saengga dados nglirwakaken babakan kajiwan lan kewajiban dhumateng gusti ingkang maha ageng kangge sangu benjang nalika seda.
Wonten ing salasawijining wekdal Ki Ageng Pandanaran ketemu dening Sunan Kalijaga, awit saking mriku deweke saget ngrucat saking babakan kadonyan lan saget netrepi babakan karohanen. Nanging sakderengipun Ki Ageng Pandhanaran tobat deweke sempet nantang marang Sunan Kalijaga.
Deweke nantang marang panjenengane Sunan Kalijaga Umpamane deweke saget nyaosi bukti pawujutan bandha ingkang mboten kantenan kathahipun deweke bakal sumuyud lan setya dhateng panjenengane. Awit sakmenika Ki Ageng Pandhanaran awit runtuh lan isin wusasane Sunan Kalijaga nduduhi Uwit aren sing kolang kalinge sakdurunge werno entah werno ijo gumebyar rubah dadi kuning sorote kaya emas. Pramila saking mriku Sunan mesen ampun kepancing lan kegowo babakan nikmat donyo awujut bandha raja brana menika.
Akhire deweke banjur nepati opo kang diomongake, deweke bakal setya sarta sumuyud dhateng Sunan Kalijaga lan deweke uga ngrucat derajad pangkat bupati deweke uculi.  Ing sawijining wektu  Ki Ageng dalah sisihane bebarengan Sunan Kalijaga nedya ngumbara ing tlatah kidul. Sakehing tandha pangkat bupati wes ora nemplok ing blegere Pandhanaran wes dirucat.
Nanging among siji kang ganjel ati, yaiku garwane deweke urung bisa nglilakake mas masan lan intan ing tangane nalika arep mangkat. Nalikanipun Ki Ageng Pandhanaran ngajak budal deweke tasih ubek marang gawanane. Banjur ora sabar Ki Ageng Pandhanaran mlangkah disik.
Ing mburine garwane Ki Ageng Pandhanaran yaiku Nyi Rimbawati nututi kanthi kesusu lan rasa wedi, sawisipun deweke tekan dalan kang edum sumilir kanthi wit-witan kang ngrembyung krasa kepenak kanggo mlaku. Deweke banjuer ngrasa kepenake lan liyer-liyer ana ing dalan banjur turu ing sangisoring uwit gedhe kang edum.

Nanging dadakan deweke kaget nalika krungu suara tiyang kakung kanthi praupan medeni rambute semrawut klambine ombyoh-ombyoh

Tidak ada komentar:

Posting Komentar