Assalamu’alaikum.Wr.Wb . |
Bapak Kepala sekolah, ingkang satuhu kinurmatan. Bapak,saha Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi. Para rencang, siswa-siswi ingkang kula tresnani. Langkung rumiyin sumangga kulo dherekaken ngaturaken puja-puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha welas saha maha asih ingkang kepareng paring rahmat lan hidayahipun. Kita sadaya taksih saged kempal manunggal ing papan punika kanthi tentrem, bagas, waras, kebak ing kabagyan kangge sesarengan kempal dhateng adicara perpisahan siswa kelas 9 punika. Sesampunipun Muji Syukur dateng Allah SWT, soho nyuwunaken tambahan Rohmat Keselametan dateng Rosululloh SAW.

Kula siswa kelas 9 ingkang mewakili kanca-kanca kelas 9 ngaturaken matur sembah panuwun kagem sedaya bapak ibu guru ingkang sampun nggulawantah kula sakanca dangunipun kirang langkung tigang warsa dateng pawiyatan menika, matur suwun sanget kulo piambak kalian wakilipun sedoyo rencang aturaken kagem bapak ibu guru.
Tigang warsa mboten keraos mpun dipun lampahi tamtu kula kalian sedoyo rencang nggegadahi imutan sae lan awon mugi lantaran sedanten emutan puniko wau kula soho sedoyo rencang bakal nuwuhi raos kangen sanget dateng mriki. Mboten kesupen kulo selaku wakilipun kelas 9 ngaturaken agunging samudro bapak ibu guru sedoyo supados kerso ngapuntenaken sedoyo klenta klentu kulo lan rancang sami.
Kula sakanca badhe nyuwun pangestunipun supados kula sakanca saget nglebeti pawiyatan enggal ingkang sae ingkang sampun dhados tujuan kula sakanca. Ugi nyuwun dongo supados kula sakanca saget dados tiyang ingkang migunani kagem keluarga, masyarakat, ugi bongso lan negara. Sejatosipun kula sakanca kraos awrat sanget kagem nilaraken pawiyatan menika. Sekedik pesen kagem adek kelas ampun kususepun anggenipun sinau ingkang sregep. Kedah emut marang ajaran islam perkawis manfaataken wekdal, wekdal puniko gentos ning mboten keraos mulo ampun ngantos leno deneng ngisi wektu, ibadah kalian sinau salah sawijinipun kewajiban kulo kalian adek adek sedoyo, utawi diartosaken usaha kalian do’a, tujuane setunggalkemawon inggih puniko supados saget wujudaken cita-cita nipun ugi dados lare ingkang lanthip slamet ndonyo akhirat amin.
Cekap semanten atur kawulo, manawi
anggen kula matur wonten kiranging subosita saha wonten nalisiripun basa,tuwin
parama sastra, kula nyuwun agungin samudra pangapunten, maturnuwun awit
kawigatosanipun
Wassalamu’alaikum.Wr.Wb.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar