Raden
Ayu Kartini
Kartini
Ingkang luhur pakertine
Ingkang wantun nglampahi bebaya
Mbabadi arungkut, ngobori apeteng
Kinarya sarana
Njunjung dhuwur drajating wanita
Unggyaning pagulingan denya ngrakit basa lan sastra
Rinonce sekar,kebak pitutur
Rina wengi tansah nyandhong
Cucuk oboring lelakon
Nadyan piningit,nanging bisa sesrawungan
Sesrawung marang sapadhane saka manca
Bebasan banjir mangsi
Kanggo ngupadi undhaking kawruh
Siji mbaka siji laying sinimpen
Nawala nglumpuk wusana dadi buku
Buku !... iya buku..
Kang migunani kinarya
Kaca benggala damaring ngaurip
Kang kaaran
“HABIS GELAP TERBITLAH TERANG”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar